Sabtu, 18 Januari 2020

Bab 2 Sinau saka Crita Kelas X

Crita Cekak
     Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae.
Unsur Intrinsik
1)    Kang nyakup underane prekara ( Tema )
2)    Paraga (Tokoh) Lan,
3)    Watake paraga (Penokohan)
Antagonis → watak ala
Protagonis → watak becik
Tritagonis → tengah tengah
4)     Latar/Setting
Latar Papan
Latar wektu
Latar kahanan
5)     Alur/Plot
Alur maju
Alur mundur
Alur campuran
6) Sudut Pandang
1)      Wong kapisan
Pelaku Utama
Pelaku Sampingan
2)      Wong ketelu
Serba Tahu
Terbatas
Gaya Bahasa :
1)      Paralelisme
→ mbaleni tembung ana ing sawijining ukara
Tuladha: Tumindak becik aja nganti diandheg, apamaneh nganti dialang-alangi ngrembakane
2)      Antitetis
→ Kosok balen
Tuladha: Sugih mlarat, enom tuwa, gedhe cilik, kabeh pada ing lapangan
3)      Epizeuksis
→ mbaleni tembung kang dianggep penting
Tuladha: awake dhewe kudu mikir, mikir, mikir lan mikir kanthi tenanan
4)      Anafora
→ ngambali tembung ana ing saben larik
Tuladha: Apa kowe arep mulih, apa kowe arep turu kene, apa kowe arep lunga, aku ora nggagas
5)      Metafora
Tuladha: Sikil meja, buntut masalah, rembug tuwa
6)      Alegori
→ Pralambang kanggo pendhidikan
Tuladha: Kancil lan Baya, Kura-kura lan terwelu
7)      Personifikasi
→ Barang  mati kaya manungsa
Tuladha: Gunung kuwi katon njenggureng kaya kaya ngampet kanepson
8)      Perumpamaan
Tuladha: Kaya macan luwe, kaya kapuk diwusoni, kaya Baladewa ilang gapite
9)      Asindeton
→ Tembung meh pada, digandheng tanpa tembung panggandheng
Negara butuh wong lanang sing teteg, tangguh, tatang, ngadepi perkara
10)  Polisindeton
→ Tembung meh pada, digandheng tembung panggandhengo
Ing ngendi bisa ditemoni wong lanang sing satriya lan prawira tur tanggung jawab?
11)  Eufimisme
→ Nggunakake tembung kang alus
Ngatos-atos mas lare menika radi cilik aten.


"Muga-muga migunani"
Sumber : 
1.) https://gistabawana.wordpress.com/2013/05/10/ringkasan-materi-bahasa-jawa/
2.) Buku Basa Jawa 1 Kelas x SMA/ SMK/MA. Yudhistira

17 komentar: