Sabtu, 18 Januari 2020

Bab 3 Katresnan Kang Sejati Kelas XI

Crita Rakyat

A.  Pengertian Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku crita sing asale saka rakyat ,sing dirembug babagan rakyat ing sawjining wewengkon tartamtu, saengga akeh nilai nilai jroning crita rakyat kang nganti wektu saiki isih cocok karo nilai kang lumaku ing masyarakat modern
1. Unsur-unsur Crita Rakyat
Unsur Instrinsik :
1. Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning Crita
2. Latar/setting, yaiku informasi ngenani wektu, suasana, lan panggona ing ngendi crita rakyat kuwi kabeber.
- Latar panggonan
- Latar wektu
- Latar swasana
3. Paraga, yaiku wong utawa tokoh kang dhuweni peranan ing saben cerita rakyat
- Paraga utama, yaiku oara kang dados sentral ing cerita ( protagonist )
- Paraga mungsung (antagonis), yaiku paraga kang walikan karo parogo protagonist
- Paraga pendamping (tritagonis), yaiku paraga kang ndukung miturut cara tampilane
4. Watake paraga dibagi loro yaiku khanti cara langsung lan ora langsung
5. Sudut pandang yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita: Wong pertama (Kulo) lan Wong ketiga (Njenengan).
6. Alur yaiku bakune ceita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian). Macemr ono 3 yaiku: Maju = progresif, Mundur = regresif, lan Campuran.
 7. Lelewaning basa yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita
8.  Amanat yaiku piwulang kang diandhut utawi piweling kanga rep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerita rakyatk
2. Unsur – unsur ekstrinsik :
Budhaya serta nilai – nilai yang dianut
Tingkat pendidikan
Kahanan social ing masyarakat
Agama lan keyakinan
Kondisi politik , ekonomi, hukum
3. Nilai – Nilai kang kaanggit saka crita rakyat ing masyarakat :
Nilai moral ing crita rakyat dados sarana pendidikan ahlak. Urusan urip lan kauripan manungsa iku bisa dibagi dadi 3: Hubungan manungsa marang awake dhewe, Hubungan manungsa marang manungsa liyane, lan Hubungan manungsa marang gusti.
Crita rakyat dados potensi budaya lokal.  B. Crita rakyat dibagi :
✔Mite yaiku crit prosa rakyat kang kaanggep nyata kadadean serta kaenggap suci marang sapawae kang andhuweni cerita.
✔Legendha yaiku prosa rakyat kang ndhuweni ciri – ciri kang mirip karo mite yaiku kaanggep pancen nyat kedadean nangning ora dianggep suci.
✔Dongeng yaiku cerita prosa rakyat kang ora dianggep nyata kedadean saa sapa wae kang dadi empune crita.
Nilai moral individual yaiku nilai moral kang ngaggit hubungan manusia karo kauripan awake dhewe – dhewe utawa cara manungsa nganggep awake dewe
Budi pekerti marang nilai moral social ing crita rakyat
Nilai – nilai moral yaiku :
o   Bekerja sama
o   Seneng tetulung
o   Katresnan
o   Rukun
o   Senenge menehi pituduh
o   Pangerten nasib wong liya
o   Seneng dongakake wong liyo
4.      Tata Carane Gawe Sinopsi Cerita Rakyat :
Sinpsis yaiku ringkesan crita kang sedaya bisa arupa cerita ceka, crita rakyat, novel jawa,
Urut – urutane nulis sinopsi certa rakyat yaiku :
a.       Maca naskah kanhti ngerteni maksud lan karepe pengarang lan nyaten ide pokok
b.      Ngembangake ide pokok nganggo basamu dewe
c.       Gunakake ukara – ukara tunggal
d.      Ringkesen ukara mau dadi frasa
e.       Ringkesan pirang – pirang alenia dadi siji
f.       Pertajanke ukara sing ora isoh di sederhanakke
g.      Singkirna tembung – tembung kang bisa disingkerke
5.      Pengertian tata cara nyunting naskah
Nyunting yaiku salah siji tumindak ngedit, ngubah, utawa ngrapikake susunan panggon utawa gunane basa ing sawijine naskah tanpa ngubah maknane
Menawa nyunting naskah ana 3 aspek kang perlu disunting yaiku:
a.       Isi
b.      Organisasi
c.       Basa kang digunnakake
6.       Bab – Bab kang dingerteni menawi menyunting yaiku :
a.       Ejaan
b.      Tanda waosan
c.       Diksi
d.      Ukara
e.       Sistematika penulisan
f.       Kaleresane konsep
6.      Tujuan synopsis ing pawarta :
a.       Ngringkes / ngelengkapi
b.      Nyedhaake / nambahu
c.       Nyegah yen ana kadadean lupute basa
d.      Ngubah struktur
e.       Nyegah lupute isi
7.      Penyunting kang apik kudune :
a.       Ndhuweni pengalaman ing bidang jurnalistik minimal 3 th
b.      Pengetahuan wiyar
c.       Nduweni kemampuan basa kang apik
d.      Seneng maca sekehe kamus
e.       Ndhuwe common sense, logika kang kudu dikembangke
f.       Terbuka lan koopertif marang penulis / watawan
7.      Bebasan yaiku unen – unen kang ajeg panggone kang duwe teges entar mawa surasa perpindhahan ( kewan, barang, sipate wong )
8.      Paribasan yaiku unen – unen kang ajeg panggone mawa teges entar tetembungane wantah, ora  nganggo pepindhan.




"Muga-muga migunani"
Sumber : https://computerterbaru.blogspot.com/2016/07/rangkuman-bahasa-jawa-kelas-xi-smk.html?m=1

12 komentar: